Home » » Aja Remehna Aksara Jawa

Aja Remehna Aksara Jawa

Posted by PRAKARYA on 2/25/2017


Aja Remehna Aksara Jawa
(Dening : Riski Maulana Ishak (27)
Awakku kaku, rasane pegel pisan wayah mataku angel dibukak, lan aku milih turu maneh. Ora dinyana srengenge wis padhang, kamangka jam 5 aku kudu budhal sekolah. Nah ladala saiki wis jam 6, aku banjur mlayu ning jedhing kanggo adus bar, sakwise iku lungguh sarapan roti siji.
Awakku banjur mlayu menyang pertelon kanggo nyegat bis nang sekolah. Suasana ning dalan rame banget, motor karo mobil pada gupohi sak dawane dalan gede, opo maneh bledugeee.....Ya Allah,  fogingan nyamuk iku lo. Nanging ora dadi masalah, ngene ndah aku tetep kereeenn...yoi Riski Maulana.
Sak tekane terminal, aku banjur njupuk onthelku nang parkiran, terus aku ngolahi onthelku koyok Rossi menyang sekolah. Pas 10 menit awakku wes teko sekolah banjur mblayu nang kelas amarga wes arep bel masuk.
Yo rek, aku wes ning kelas, yaiku kelas 9-C, kelas sing panggone ana ing lantai loro lor e lapangan sekolah sing diapit kelas 9-B karo 9-D (yo wes suwi ndes hehe) . Kelasku iki terkenal kelas sing paling usrek lan rame bocahe, bocahe opo maneh yo ora pinter tapi yo ra goblok, yo sedengan, tapi asline yo koplak kabeh hahaha... . Sampe- sampe walikelasku ngakuni lek tiyange iku gelem dadi wali kelas amarga kepekso...duh kadang disitu saya merasa sedhih tenaaann....
Aku langsung ning kelas lungguh karo kancaku sing keturunan Tionghoa, nanging lair lan gedhe neng Jawa, dadine basa lan kebiasaane yo koyok wong Jawa ora malah Tionghoa, ora blas pokoke. La jenenge iku Ivan Finaldiananta, tapi saking bocahe iku hula-hulu,plonga-plongo, klenga-klengo  lan konyol dadine diceluk Acong (hahaha gak nyuambung belas ndes). Sakwise ndeleh tas aku karo Acong banjur guyon mrono-mrene, mboh parikane saka Sabang sampe Merauke lan saka Malaysia sampe Pulo Rote..(eladala malah teko malesa).
Jarak 5 menit guruku teka neng kelas..
 “Oh iyo Cong, saiki lak pelajaran Jawa!” aku kaget perkara lali.
“Hehehehe” Acong nanggepi karo ngguyu saking plonga-plongone.
Aku banjur mimpin salam, “Sugeng Enjang Buuu....”, kabeh bocah ngucapi salam,
“Sugeng Enjang bocah-bocah” guruku langsung jawab. Terus pelajaran mulai, saiki materine yaiku aksara jawa, sakdurunge nglanjut o, guruku iku mbagi nilai ulangan aksara jawa, lan hasile yaiku sak kelasku pada remidi kabeh kecuali aku karo kancaku wedok sing jenenge Eriska (cieee...gak remidi ndes wkwk). Eladala pemirsa, Acong malah entuk biji 15, aku dadine ngguyu kemekelen, biji karo nomer absene podo hahaha.
“Sing remidi lang lungguh, trus kerjakno!tulisen soal-soal ning papan iki dadi aksara jawane sing bener, langsung dikumpulke  2 jam pelajaran iki!”, utus guruku karo suara sing atos.
“Sing cah loro mau gak remidi iso ngewangi kanca-kancane ben iso, dadi ora sante-sante ae”. Guruku ngomong maneh sing gawe awakku kaget.
”Eh..pelanggaran” swara batinku metu. “Hahaha sepurane Ris, warahi aku yo”, guyon Acong marang awakku. 
“Halah omong, yowes ayo ngerjake ben cepet bar, ben lulus, kowe sing nyalin”, dadine aku ngulangi Acong ngerjakno remidine.
Acong ketok lek ora isa ngerjakno tenan, nulis aksara dasar sing gampang ae yo kangelan. “Ya Allah Cong jek untung entuk biji Cong”, omongku nang dekne.
 “Halah bejo Ris”, jawabe Acong,
“YO POLL!!”, sautku gregeten. Dadine aku langsung nulis wangsalane lan Acong nyalin ning lembar jawabane ben cepet bar.
2 jam pelajaran wis mathuk bar...
“Wis kabeh?” , takon saka guruku sing gawe kaget aku lan Acong sing rame dewe karo arek-arek liyane, nanging ngene ndah wis bar ngerjakne tugas e ndes. 
“Sampun bu”, jawab bocah-bocah sak kelas. Bocah-bocah yo aku karo Acong langsung meneng klekep, ora enek sing wani obah apa maneh omongan, kabeh meneng koyok wong sing disidang ning pengadilan, rasane neng kelas koyok podo turu kabeh, sepiiiii polll...
 “Bocah-bocah, Bu Guru iki ora duwe niatan kanggo nyeneni awakmu, tapi pengene njelaso utawa ngandani neng awak-awakmu kabeh ingkang kepriye pentinge aksara jawa.”, guruku ngendikan alon-alon.
“Aksara jawa iku aksara sing kaluhuran ing tanah jawa saka zaman kerajaan-kerajaan jawa biyen, iki dadi aksara kesatuan ing tanah jawa, dadine awakmu kabeh ing Bojonegoro iki kudu iso njagani lan nguri-nguri aksara iki sampe sateruse lan ojo sampe putus, yo iku sing arep-arepno saka awakmu kabeh iki”, lanjute guruku. 
Aku, Acong lan kanca-kanca liyane banjur sadar, lek guruku ngetok kerenge iku ing pelajaran iki, iku tujuane kanggo njagani lestarining aksara jawa, ora ana maksut liyane maneh. Lan sejak kejadian iku, kabeh bocah ning kelasku dadi semangat pas wayah pelajaran bahasa jawa, ora mung materi aksara jawa, nanging ing materi-materi liyane.

SHARE :
CB Blogger
 
Copyright © 2014 PRAKARYA. All Rights Reserved. Powered by Blogger
Template by Creating Website and CB Blogger