Home » » Bocah Iku

Bocah Iku

Posted by PRAKARYA on 2/24/2017

Bocah Iku
(Dening Abdiani Luthfiana Ulya /01)

Bruggg!.. Dakbanting tas sekolahku kang kebak buku kandel ing dhuwur meja. Sanalika kanca-kanca kang ana sajroning kelas ndelengi aku kanthi pasuryan kang sinis. Aku ora ngerti kenapa kanca- kancaku sakelas ketingal ora seneng karo awakku. Apa aku wis gawe luput? Nanging wiwit aku malebu ing sekolah iki minangka murid anyar ora ana kanca sakelas kang gelem srawung karo aku. Beda ing kelas liya, aku malah luwih akrab karo kancaku beda kelas. Mula yen wektu ngaso aku asring dolanan ing kelas e Mima, salah sawijining kancaku.

Bel rampung ngaso wis dakrungokake. Banjur aku bali menyang kelasku lewat cedaking lapangan lan ndelengi bocah lanang bal-balan. Nanging Dugg sirahku..

***
Srengenge kang saya mlaku menyang kulon ndadekake saya panas. Aku pengin mulih sore wae supaya ora panas kaya ngene. Aku lungguh ing pinggir pos satpam amarga durung pengin mulih. Sanalika agawe aku kaget ana bocah lanang ngenani awakku amarga dikerjani kanca- kancane. Bocah lanang iku langsung njaluk sepura marang aku, nanging kanca- kancane iku wis agawe nesune atiku, akhire aku ninggalake bocah- bocah lanang iku.

Mulih sekolah aku mlaku dhewe menyang omah. Ing tengah dalan aku isih nesu dewe amarga bocah lanang mau. Ing tengah anggonku mlaku aku ningali ana bocah wadon kira-kira beda 8 tahun luwih muda saking umurku lungguh ing andhap wit nangka ing kebon pinggir dalan. Bocah wadon iku nangis lan ndelikake raine ing tangane kang cilik. Ora ana wong ing cedaking cah wadon cilik mau. Ndeleng bocah cilik iku agawe aku lali marang rasa nesuku. Mula aku mandheg lan ndelengi bocah iku. Awake putih resik, klambine lan ageman resik lan apik , bocah iku mesti dudu pengemis, pikirku. Aku saya mlaku nyedaki bocah iku,

 “dhik, kenapa nangis, lha ibu lan bapakmu ngendi?”, aku menehi pitakon bocah iku kanthi ngati- ati kuwatir yen bocah iku mlayu lan wedi karo aku.

 Bocah iku ngangkat sirah e, pasuryan e kang menik-menik ayu dadi katon.

 “ Ana ing mobil, mbak..”, wangsulane kanthi suwara kang serak lan alon.

Aku namat o nggonku ndelengi bocah wadon iku, tak deleng sepatu ing sikile mung saksisih. Apa bocah iki kepisah karo wong tuwane ya? Ora mungkin yen bocah ayu ngene ditinggal. Bocah iku nyekeli wetenge nanging aku wus seneng ndeleng bocah iku wis ora nangis.

Sepi kahanan ing anggonku lungguh mbaturi aku mikir lan ngelamunake bocah cilik wadon iku. Aku ora tega yen ninggal bocah cilik ing kene dhewean. Tinimbang aku lagi mulih sekolah menyang omah akhire bocah wadon iku dak takoni,

“ Dhik, apa kowe gelem dak ajak menyang omah?” aku ngandharake pitakon sing wis dakpikir.

“ Mmm” andhare bocah iku kanthi manthuk- manthuk. Sampek ing omah bocah wadon iku dak ajak mangan, bocah iku ketingal lesu mula lahap anggone mangan.

“Matursuwun mbak, maem e enak” , andhare wektu mangan lan cangkeme isih kebak sega. Aku mung mesem lan seneng ndelengi bocah wadon kang isih polos iku.

“Dhik, sawise iki dak ter ing pak RT ya, amarga aku ya ora ngerti wong tuwamu ing ngendi. Oya , jenengmu sapa dhik? ”

“Sita mbak. Aku kaya rada eling wong tuwaku ing pundi mba, nanging kula isih lali. Yen angsal, kula pingin melu sampeyan ing mriki dhisik mba? Mengko yen kula eling sampeyan dak kandari.”

“yen mangkono pinginmu ya uwis dek Sita, aku dak matur pak RT dhisik.” , wangsulanku.

Aku malah seneng yen ana sing baturi aku amarga aku ditinggal wong tuwaku seminggu, batinku. Sita wis ketingal bungah padhal durung ketemu wong tuwane mula aku melu seneng. Seneng ndeleng bocah iki lucu lan sopan.

Sesuk e aku menyang sekolah kaya biyasane. Sita dak tinggal ing omah, bocah e mung manthuk- manthuk wektu dak kandari aku menyang sekolah lan ninggalake Sita. Dina iki aku luwih bungah timbang dekwingi.

Teett.. bel mulih wis karungon ing kupingku.

Aku mulih mlaku kaya biyasane. “Mbaaak..” ana suara kang dak kenali nimbali aku ing dalan kang sepi iki. Ya, iku suwarane sita. Bocah cilik iku mlayu nyedhak aku karo ngguyu.

“Kowe lagi apa ta dek? Kok metu saka omah, mengko yen kowe lali dalan lho.” Pitakonku kanggo Sita lan nggoda bocah wadon iku.

“Mboten mbak, kula sampun iling dalan kok” jawab e karo ngguyu,  agawe tambah lucu pasuryan e.

Aku mung isa mesem ndelengi sita. Sampe ing dalan ana telu bocah lanang kang melu ngguyu ndeleng aku, padahal aku ora ngguyu karo bocah lanang iku. Amarga agawe aku wedi,  mula aku saya mlaku banter karo nggandeng tangan cilike Sita.

***

Dina iki pr ku numpuk sak gunung anakan. Kabeh pelajaran sesuk ana pr. Kenapa kabeh guru ora gelem ana sing ngalah, yen menehi PR urakan. Astagfirullah.. Ora becik yen aku ngersula kaya ngono. Guru mono mung pengin murid e sinau lan agawe pinter. Pikirku nyadarake yen aku mung mikir ala. Luwih becik yen aku ngejakake sabisaku, mengko hasile urusan mburi.

“ Dek Sita kowe dak tinggal nggarap PR ya, dina iki PR ku kathah”, andharku karo Sita, kuwatir yen bocah iku wedi marang aku sing mau nesu lan ngersula dewe.

“ Nggih mbak, napa purun dak rewangi hihi? “wangsulane sambi ngguyu nggoda.

“ Suwun dek, gak usah. Kowe dolanan dewe ya” Wiwit bar sholat isyak aku sinau tanpa omongan karo sita, iku paling amarga aku wis biasa dewe.

Kriinggg.. alarm hp ku muni. Astagfirullah.. aku lagi iling yen pr ku durung rampung.

Nanging bukuku wis tutup lan dak deleng pr ku wis rampung kabeh, apa sita ya sing ngrampungna? Nanging bocah iku isih cilik, pinter tenan bocah iku. Sita isih turu. Banjur aku siap- siap sekolah kaya biasane.

...Mulih sekolah Sita ngenteni ing panggonan kaya biasane. Bocahe ngomong yen sita wis iling badhe nemoni wong tuwane. Bocah iku nggandeng aku lan nduduhake panggonan kang ana mobil kang nabrak wit gedhe cedak ing ngisor jurang. Aku dadi merinding bocah iku nduduhake mobil iku. Saka adoh aku ndeleng saksisih sepatu kaya sing dinggo sita. Mula aku nyedak i mobil iku lan ing jero ana 3 wong ana 1 cah cilik nanggo klambi podo kaya sita lan sepatu mung saksisih. Ora krasa luh ku ngalir banjur aku nelpon polisi. Nanging 1 kaluarga sajroning mobil iku sampun seda sedaya.

aku isih ing panggonan iku wektu polisi teka lan evakuasi mobil kecelakaan iku. Lagek iling Sita, aku nggoleki bocah cilik iku. Ora suwe aku isa ndeleng bocah iku. Bocah iku banjur dadadada marang aku lan mlaku saya ngadoh saka panggonku ngadeg. Aku lagi mangerteni bocah iku. Sita saya adoh lan ilang saka pandelengku.

***

Aku mbuka mataku lan tangi saka turuku. Aku wis ing duwur kasur lan dakdelengi sakubengku, aku lagi ana ing UKS sekolah. Aku lagi eling yen aku mari kesenter bal ing pinggir lapangan. Aku ndeleng jam ing tanganku wis jam 2 awan, sedhela maneh bel mulih muni. Tasku wis ana ing pinggirku, dadi aku langsung mulih wae tanpa mampir kelas. Aku mulih mlaku dhewean. Ing dalan ing panggonan iku ndadekake aku eling yen sajroning turuku wektu ing UKS aku ketemu Sita. Mula aku sadar yen bocah cilik iku mung kembang turu.

SHARE :
CB Blogger
 
Copyright © 2017 PRAKARYA. All Rights Reserved. Powered by Blogger
Template by Creating Website and CB Blogger