Home » » Impen Rinengkuh Bulan

Impen Rinengkuh Bulan

Posted by PRAKARYA on 2/25/2017


IMPEN RINENGKUH BULAN
(DENING: NUNGKY ERRY C./24)
Dhusun Tambak Baya saben isuk katon isih sepi. Amung sapisan katon sawetara petani utawi pedagang karo keranjang sing arep ngedol dagangane ing pasar kota. Nalika Bulan, cah wadon mlampah piyambak ing isuk iki, mesthi dadi pitakonan tiyang - tiyang sing ora ngerti sinten kula niku.
"Arep menyang sekolah, ndhuk?"Sapa salah sijine saka petani sing paspasan mlaku karo kula.
                Bulan punika yaiku asmaku. Kula urip ing Dhusun Tambak Baya. Dhusunku niku termasuk dhusun ingkang paling alit ing kotaku. Kula anak pambarep saka sekawan sedulur. Saiki kula lungguh ing kelas XI SMPN Wonoasih. Kaya bocah kelas XI liyane, wektu iki kula sibuk karo ancang-ancang kangge Ujian Nasional.             
“Awas! Ati - ati ndhuk, "ngendikane Pak Mo.
 Tanpa kula ngerti mlampah minggir banget kamangka ing pinggirku ana kali kang dueres banget banyune.
"Syukurlah, ape ae aku kejegur, matur suwun Pak Mo"jereku nalika kula sadar nek mau lagi ngelamun.
Rupane kula kurang ati-ati. Yen ndek mau kula tibo isa – isa klambiku reged kabeh lan iku berarti kula kudu mlampah mulih malih sekitar 5 kilometer soko kene lan kuwi bakalan kula telat melbu sekolah.

                Oalah ... Ndhuk ... Ndhuk ... Ape sekolah ae kok kudu angel – angel mlaku adoh – adoh. Nyebrang kali, lewat tegalane tiyang. Mengko ujung – ujung’e ya kudu ngurus pawon lan sawah” ngendikane ibuku.
 Wis puluhan utawa ratusan kula ngerungokno ibu ngendikan, kula rasa ibuku khawatir saben kula badhe budhal sekolah. Hal iki wis wajar amarga jarak sekolahku lumayan adoh. Butuh wektu sak jam karo mlampah nek pengen teko sekolah. Amarga ora ana margi penghubung antarane dhusunku karo sekolahku.
“ Piye Bulan, sampun angsal ijin soko tiyang sepuhmu?” pitakon Bu Tuminah, guru wali kelasku.
“Dereng kepikiran, Bu” jawabku.
 “ Lha kok aneh, anak’e ditampa ing sekolah favorit kok jek kudu dipikir-pikir disik. “ Bu Tuminah keroso heran teko kaluwargaku.
Kula jumeneng karo mikir-mikir ucapan Bu Tuminah kula dadi iling karo omongane Pake lan Bune ndek wingi ing omah.
“Apa kudu ya, Ndhuk”ngendikane Pake karo ngunjuk kopine.
 “Tak kiro yo bar SMP ya wis cukup. Iso moco karo nulis, yo wis. Awakmu iki kan anak wadon. Telu adhi mu iku kakung-kakung kabeh. Dewek’e sing kudu sekolah duwur. Supaya dadi wong pinter lan isa nafkahi anak bojone sok ben” terange Bapakku.
“Lha iyo to Ndhuk. SMA-mu iku sok ben kan adoh soko omah. Lha wong saka kene ae jarak’e ana rong puluh kiloan. Gak mungkin to awakmu kudu mlampah se adoh kuwi” ngendikane Ibuku sing lagi nggendong adikku ingkang paling alit.
 “Tapi kan saged kos to Bu”, Jawabku alon.
                “Duwit teko ngendi kanggo bayar kos mu”, Bapakku nyahut.
 “Kanggo mangan saben dino ae kadang susah, lha kok kudu bayar kos!”ngendikane Bapak.
 “E… yo wis ta Pak, gak usah ngamuk karo anak kayak ngono”, Ibu nenango Bapak nganthi sabar.
“Ngene lho Ndhuk, umpama sekolahmu iku dibayari karo pemerintah, tetep mesti butuh wragat to kanggo tuku sragam, kosmu, durung sangu kanggo sekolah. Pake lan Bune ora sanggup, Ndhuk…” ngendikane Ibuku karo ngelus rambutku.
“Ing omah ae yo, ngewangi Pake karo Bune” panjaluk Ibuku.
Kata-kata Ibuku mau alus nanging ing jero dhadhaku isih krasa kuciwa.
“Apa aku kudu mendek sampek kene? Apa aku kudu kaya bocah-bocah wadon liyane ing desa iki ingkang bonten nerusake sekolah ing SMA amargi sekolah’e adoh saka dhusunku? Terus mek opo aku kudu susah-susah sinau kanggo ujian? Lha wong mengko nilai’e gak iso dingo nerusake sekolah?” Pikirku sak nalika.
Bel sekolah tanda istirahat bar buyarno lamunanku. 
“Yakinno Bapak karo Ibumu, ya Bulan. Sampeyan niku bocah pinter. Sampeyan ojo sampek mendek sekolah” ngendikane Bu karni sak dereng nipun mlebet kelas.
“Awas, welut’e ojo sampek ucul, Sar!” jeritku.
 Minggu isuk kaya iki, sawah rame amarga bocah-bocah desa pada rebutan welut.
“Tenang Lan…, niki priksani! Kula entuk sing luwih gedi…” jere Sari karo ngelebokno welut sing cuman entuk pitu.
Sobatku ikii emang jago nyekel welut.
“Wis ah, mulih yuk… mengko digoleki karo Bune,” Ajakku.
“Ayo, tapi kene kudu ngeresik’i awak rumiyin mben aku ora diseneni Bune” jerene Sari karo nunjuk kali ing cedak sawah.
“Awakmu sido sekolah ning kota, Lan?” Takon Sari karo ngusapi tangan lan sikil’e .
 “Mbohlah, Sar.” Jawabku pasrah
“Nek aku ngono wis pasrah, Lan. SMA adoh soko kene. Aku gak oleh karo Mak lan Pakku.” Jere Sari tanpa ana rasa beban.
 “Aku sih pingin’e isa sekolah sing duwur, Sar. Aku pingin dadi guru, terus gawe sekolah ing kene.Mben bocah-bocah ing dhusun iki isa sekolah gampang. Ora perlu mlaku nek dhusun sebelah utawa mutus sekolah amarga ora enek SMA.” Jereku karo angan- angan.
“Tapi… rasane kok gak mungkin. Pake karo Bune ora maringi aku ijin kanggo ngelanjutno sekolah ing kota, rasane aku wis gak semangat maneh kanggo ujian” rasa kecewaku. .
“Lha yo sabar, tho Nduk…” Sahut Pak Mo.
Tanpa kula sadhari Pak Mo ndek guriku lagi ngadusi wedus ing kali ngerungokno omanganku karo Sari.
“Gusti Allah mboten SarĂ©. Allah iku Maha Adil. Gak oleh putus asa kek ndhuk. Donga supaya diparingi dalan keluar.” ngendikane Pak Mo.
 Kata-kata beliau gawe kula sadar nek wonten harapan kangge kula, sanajan ora ngerti iku kapan tekone kesempatan kuwi.
Ujian Nasional akhire teko tenan. Usaha sampun lan doa kula lewati sakniki wayah’e kula tenanan ngadepi soal ujian iki mben kula saget nerusake sekolah sing tak harapake. Dene Pake lan Bune dereng ngoleh’i. Kula kudu tenanan demi nilai ingkang memuaskan mben buktikno nek kula niku saged.
Wayah  kelulusan teka, kula ngucap syukur marang gusti Allah, amargi kula dadi lulusan terapik ing Kecamatan Wonoasih. Iki Berarti harapanku mugo-mugo Pake lan Bune gelem ngerubah keputusan.
Ba’da Ashar, Kula deleng wong tuwoku lagi pinarak ing sawah. Alon-alon kula nyedak’i beliau marang masalahku iki.
“Masalah iki wes diputusno ndhuk. Bijimu pancen apik ndhuk tapi Pake tetep ogak isa ndhuk. Iling telu adhimu jek butuh biaya ora mikirno awakmu tok.” Bapak setengah ngamuk.
 Kula cuman mantuk karo ngendikane bapak terus kula mutusake ing kamar nangis nratapi nasipku ingkang pingin sekolah luwih duwur.
“Assalamualaikum Wr. Wb.” Sayup-sayup kula denger ana wong ngetuk lawang.
 “ W’alaikumsalam Wr. Wb.” Jawab Pake lan Bune.
Rupane Pak Mo teka karo wong sing gak tak kenali ape ngajak aku neng kota amarga wong mau ditinggal anak’e ning Bandung. Wong kuwi jeneng e pak Harun, Dewek’e kesepian ning omah.
“Nah tujuwan e pak Harun badhe ngajak Bulan ing kota” ngendikane Pak Mo.
 “Niki karek piyambak e nipun pak purun napa boten? Piye Bulan gelem opo ora?” ngendikane Pake.
 Dalam atiku ngomong” beneran ojo di sia sia no kesempatan iki”.
“kula purun pak” jereku seneng banget. 
Dadi leres ngendikane Pak Mo yen gusti Allah niku boten sare. Pangimpen kang wis ana donga sangerepe netra kudu tansah digodhag aja nganti kemba. Sakabehi iki tansah dilakoni mung kanggo bocah-bocah ing Dhusun iki. Supaya tansah maju, ngrembake ngetut lumakune jaman edan kang kudu tansah dilakoni temenan.
  

SHARE :
CB Blogger
 
Copyright © 2014 PRAKARYA. All Rights Reserved. Powered by Blogger
Template by Creating Website and CB Blogger