Home » » Keri Sepur

Keri Sepur

Posted by PRAKARYA on 2/25/2017


Keri Sepur
(Dening : Ulul Faizati (33)
Ing pangajengipun tahun 2014. Tuti lan kanca-kanca sakelas arep plesir menyang Surabaya. Tuti lan kanca-kanca menyang Surabaya nduweni maksud pengin ndeleng gemebyare kutha Surabaya sawise suntuk ngadhepi ulangan. Pangancange Tuti lan kanca-kanca menyang Surabaya arep numpak sepur. 
Esuk kuwi seger tenan, Tuti lan kanca-kanca kumpul arep ngrembug pangancange plesir menyang Surabaya. Tuti lan kanca-kanca kumpul ing omahe Tuti.
“Tuti… kepriye arepe kita plesir ing Surabaya…???” pitakonan salah sawijine kanca Tuti ingkang asma Badu.
“lha yo iku… aku nduwe usul, yen kepriye kita berangkat menyang Surabaya numpak sepur…???” wangsalan Tuti karo nyekeli HP.
“ohh, ya… aku setuju, amarga aku wis suwe ora numpak sepur, saliyane kuwi koyoke yen kita numpak sepur bakalan seruuuuu… ” tanggap Susi karo ngadeg ing ngarepe Tuti.
“aku ya setuju Tut, nanging kepriye kita tumbas tiket sepure…??? Sapa sing arep tumbas tikete…?” pitakonan Badu kanggo Tuti.
“halah… tenang ae… iku mben aku sing ngurus… wis ta… dijamin beressss…” wangsalan Tuti.
Sawise rundingan ing omahe Tuti. Banjur kanca-kanca Tuti mulih menyang omahe dewe-dewe. Lan Tuti siap-siap arep menyang agen tiket kanggo ngurus tiket sepur plesir menyang Surabaya. 
*****
Awan kuwi panas banget. Ora mung iku, ing agen tiket sepur akeh banget wong kang arep pesen tiket. Amargi saiki wis wayahe libur sekolah. Amargi akeh sing ngantri, banjur Tuti kudu ngenteni sampek giliran jenenge Tuti di timbali karo agen tiket. 
“Ayu Setyo Tuti…” swarane agen tiket nimbali jenenge Tuti.
“nggih kula mbak…” tanggap Tuti karo ngadeg saka kursi.
“panjenengan arep pesen tiket pira mbak…???” pitakonan agen tiket dening Tuti.
“kula pesen 10 tiket menyang Surabaya mbak” wangsalan saking Tuti karo nyekeli dompet.
“oooohhh nggih sekedap nggih…” tanggap agen tiket banjur njupuk tiket pesenane Tuti.
Sawise tuti oleh tiket sepur kanggo plesir menyang Surabaya, banjur Tuti mulih nganggo motor metik abang lan ngangge helm abang. 
*****
Sawise Tuti tekan omah, Tuti banjur ringkes-ringkes barang kang arep digawa sajrone plesir menyang Surabaya. 
“Tut… klambimu wis ibu cepakake ing lemari… yen sampun rampung ringkes-ringkes, ndang mangan dhisik ya…” utus Ibu dening Tuti.
“Inggih buk… Tuti sampun badhe rampung ringkes-ringkes” tanggap Tuti karo njupuk tas ing lemari.
Tuti sampun rampung ringkes-ringkes, Tuti banjur mara ing ruang makan arep mangan kalian Bapak lan Ibu.
“Tut… sesuk budhalmu jam piro…???” pitakonan Bapak dening Tuti karo nyekeli cingkir kopi ing meja makan.
“Jam 08.30 pak” wangsalan Tuti.
“lha sesuk awakmu menyang stasiun bareng sapa…???” pitakonan balik Bapak dening Tuti.
“sesuk yen saged, Bapak tulung terake kula menyang stasiun nggih…” jaluk Tuti dening Bapak karo njupuk sega ing piring
“ohhh ya jelas… sesuk bapak terno menyang stasiun…” tanggap Bapak
“nggih… matur suwun pak…” bales Tuti dening Bapak.
“oke… saiki luwih apik awakmu cepet-cepet turu, mben sesuk ora kawanen nak tangi…” kengken Bapak dening Tuti karo njupuk jeruk ing meja.
“nggih pak… buk… kula tilem dhisik nggih…???” tanggap Tuti banjur ngadeg saka kursi.
“ohhh ya tut… ndang age-age turu” kengken Ibu
Sawise mangan, Tuti banjur mlebu ing kamar lan banjur turu.
 
*****
Pandom dawa jam, nuduhake angka 6 lan pandom cendhak nuduhake angka 1. Tuti ngucek-ngucek mata lan tangi saka kasur kamar. Tuti banjur eling yen sepur sing di tumpaki Tuti lan kanca-kancane budhal jam setengah 6. Tuti banjur adus lan siap-siap njaluk ngeterake bapake menyang stasiun. 
“Bapakkk… kula sampun telat niki… tolong bapak terake kula nggih…???”  Tuti kanda Bapak karo nyekeli tas sing wis disiapno dhek bengi.
“lha budhale sepurmu iku jam piro ta Tut…???” pitakonan Bapak
“mestine sampun dhek wau jam setengah 6…” wangsulane Tuti karo gupuh
“walahhhh… piye ta… jaremu dhek bengi budhale jam setengah 9 ta Tut… jelas ibumu ora nggugah awakmu….” wangsalan Bapak karo bingung
“ngapunten pak… dhek bengi Tuti klentu…” Tuti njaluk pangapura dening Bapak
 “ya wis cepet… bapak njupuk motor dhisik ya…???” banjur Bapak njupuk motor ing garansi.
*****
Ing stasiun kanca-kanca Tuti padha ngenteni Tuti. Tuti sing nggawa tiket sepur, nanging Tuti suwi ora teka-teka. Piye ora piye kanca-kancane Tuti ora bisa nerusna numpak sepur amargi sing nggawa tiket sepure Tuti.
“aduhhh… pye ta Tuti iki… sing nggawa tiket ki Tuti, kok deweke gak ndang age-age teko ing stasiun…” greget salah siji kanca Tuti sing jenenge Badu.
“ya bener… terus kita piye…??? Masak kita gak sido plesir menyeng Surabaya… lha sepure wis budhal..” kanda Susi dening kanca-kanca.
“wis yaa… kanca-kanca tenang… mugi-mugi Tuti cepet teka…”  tenang salah siji kanca Tuti sing jenenge Rahman.
Ora suwe, Tuti teka ing stasiun diterake bapakke. Tuti langsung banjur menyang panggone kanca-kancane sing wis suwe ngenteni Tuti.
“kanca-kanca… sepurane yaaaa… aku kawanen tangi… aku kleru kanda ibuku budhal jam setengah 9, dadi ibuku ora nggugah aku… sepurane yaaaaa…” Tuti njaluk sepura dening kanca-kancane.
“Tutiiiii… piye ta…??? Sepur sing ape ditumpaki kita menyang Surabaya ki wis budhal dhek wau…” greget Susi karo nyawang Tuti.
“iya tut… masak kita gak sido plesir menyang Surabaya…” tanggap Badu karo ngekeli hp.
“aduhhhh kanca-kanca sepurane ya… aku ngerti yen aku salahhhh…” Tuti ngerasa salah dening kanca-kanca sakelas. Amargi gara-gara Tuti, kanca-kanca sakelas ora sido plesir menyang Surabaya.
“ya wis lah Tut… ape piye maneh… lawong wis kejadian…” kandane Doni karo ngelus-ngelus pundakke Tuti.
“ya Tut… gak popo… kita kan isih ana libur tahun ngarep…” tenang Rahman dening Tuti.
“iya Tut.. gak popo…” wangsalan kanca-kanca Tuti.
“ya wis nak ngunu… piye nak kita muter-muter kutha Bojonegoro…??? kutha Bojonegoro kan iya apik…” usul Badu karo ngelus-ngelus sirah.
“okeeeee… kita purun lan kersaaaaa…” wangsulane Tuti lan kanca-kanca sakelas.
Sawise sak kabehe kanca Tuti setuju, yen arep muter-muter kutha Bojonegoro, banjur Tuti lan kanca-kanca mulih njupuk sepeda motor. Tur banjur Tuti lan kanca-kancane muter-muter kutha Bojonegoro bareng-bareng. Tuti lan kanca-kancane padha seneng lan bingah ndeleng kahanan kutha Bojonegoro kang asri bareng-bareng. 

SHARE :
CB Blogger
 
Copyright © 2014 PRAKARYA. All Rights Reserved. Powered by Blogger
Template by Creating Website and CB Blogger