Home » » Sejatine Wanita

Sejatine Wanita

Posted by PRAKARYA on 2/25/2017

Sejatine Wanita
(Dening: Shinta Ira Damayanti (32)
Srengenge mentereng panas mangar-mangar ana dhuwur langit kang biru kaya segara. Mendhung putih resik tipis-tipis kaya kapas uga nambahi pesonane karya cipta sang Maha Agung. Angin kaya wegah obah agawe hawa gerah iki tambah parah wae. Kringet ing bathuk mili deres kaya kali anakan. Mili mudhun nglewati alis kang nanggal sepisan. Tangan alus iku alon anggone ngelap kringet neng bathuk kang wis drodosan ana neng pilingan. Pakulitan kuning gadhinge ditutupi jaket gawe nyegah srengenge ngobong lan ngrusak kulite. Rambute ireng kaya petenge wengi. Gilap kaya sinar rembulan. Nambahi ayune bocah wadon iku. Bocah wadon kang lagi neng dhuwur sepedha motor arep budhal menyang omah sahabate
“Nis, aku seneng karo bocah SMA 5 Nis. Jenenge Irul. Bocahe uuhhh manis tenan Nis..” 
lambe tipis e Caca ngomong cepet banget tur ekspresi raine gito-gito. Yaiku Marcha utawi Caca sing dolan menyang omahe Anis awan iku. Srengenge mangar-mangar ing dhuwur langit ora bisa nyegah karepe Caca sing wis ora sabar crita yen dheweke lagi tresna karo bocah SMA 5 jenenge Irul. Ya wis ngono iku sipate Caca. Weruh bocah lanang mrecet saitik wis gito-gito anggone ngrumangsani yen deweke ana rasa karo bocah iku, sing saiki ketibaan neng bocah jenenge Irul. Sawise iku, deweke bakal cepet-cepet budhal menyang omahe Anis, dulur lan sahabate, karepe arep curhat ngenani Irul iku. Takon apa Anis kenal karo bocah iku, lan njlentrehna kepriye kawite Caca bisa kesengsem. Caca uga takon kepriye perasaane iku bakal di tindhak-lanjuti. Di bena alias Caca bakal dadi penggemar rahasia, utawa dilanjutna alias Caca mlebu ing masa-masa PDKT alias pendekatan.
“Oalah Ca... Ca. Kowe iki durung Assalamualaikum durung nyuwun sewu kok wis jengker teka ngendi-ngendi” Anis sing lagi bar mangan ngedumel amargi suarane Caca gawe dheweke kaget banjur keselek sega jagung
“Halah Nis, wis ora sempet aku. Aku seneng banget karo Irul Nis. Bocah SMA 5. Kowe kenal opo ora ?”
“Ora kenal”
“Kepriye iki Nis. Aku ora gelem dadi penggemar rahasia sing mung bisa ndeleng dheweke saka adoh”
“Lha terus?”
“Lha mbuh. Kepriye nu Nis...”
“Kowe iki ora mung pisan-pindho mrene gawe ngomongno ngenani ngono iku. Wis kaping atusan. Lan aku wis bosen nguliahi kowe sing ujung-ujunge kuliahku gak kowe reken. Wis apal aku Ca” Ceramahe Anis sing wis pegel karo sifate Caca
“lha kowe kok ngono leh Nis karo aku...”
“Lha kepriye?. Biyen kowe ngomong yen seneng karo Surya, banjur ora ana sasasi kowe mrene maneh ngomong yen seneng karo Reza, banjur wingi sms aku yen kowe lagi seneng Sahid. Kabeh jeneng iku sampe kebak neng jero sirahku. Kowe njaluk nasehat kudu kepriye, banjur tak wenehi nasehat sing sekirane paling apik gawe kowe. Nanging apa? kabeh nasehatku ora tau ko gupris. Ora tau ko reken. Kowe isih pancet ngodhagi lanangan-lanangan iku. Sejatine aku sebagai kanca lan dulurmu isin, Ca. Isin disawang tangga-tangga, kanca-kancamu lan kanca-kancaku.”Anis ngomong terus ora nggubris raine Caca sing abang mbranang amargi emosi. Dheweke ora nyana yen sahabate bakal ngomong kaya ngono.
“Kowe iki kena apa sih Nis. Kowe iri karo aku?. He? ”
“Astaghfirullah Ca.. ora Ca. Aku ora iri karo kowe. Aku mung ngrasa yen kowe iki pancen wis kebacut. Ca, dadi o bocah wadon sing becik. Aja kaya ngene..”
“Maksudmu apa sih Nis!. Aku mrene apik-apik ape andum kebahagiaan karo kowe!. tapi kenopo kok kowe malah ngomong sing ora-ora marang aku!.”
“Ca, sejatine bocah wadon iku ngenteni. Ngenteni bocah lanang sing bakal dadi masa depanmu. Kita tugase mung memperbaiki akhlak. Ora kok malah sibuk olehe nggudhagi lanangan. Percaya karo aku, yen akhlak mu becik, bocah lanang bakal nggudhagi kowe.”
“Iku pemikiran jaman kapan Nis?. Saiki wis jamane emansipasi wanita Nis. Wis ora jamane bocah wadon nresnani bocah lanang tapi mung bisa nyawang saka adoh. Ora bisa apa-apa. Saiki jamane bocah wadon maju disik Nis. Maju gawe ngintukna apa karepe.”
“Ora ngana maksude emansipasi wanita Ca. Yen olehmu mikir kaya ngana, kabeh wong bakal nyawang kowe sebelah mata Ca, kowe bakal di....”
“Halah Nis, Nis. Aku mrene ora njaluk ceramahmu. Yen kowe wis ora gelem dadi sahabatku maneh ya wis.” banjur Caca mabur mbanting lawang
                Anis meneng klekep sawise Caca mulih. Dheweke ora percaya yen bisa ngomongna unek-unek sing wis kependhem suwe ing jero atine. Anis uga ora percaya yen Caca bakal muntap kaya ngana sereme. Lawang sing maeng dibanting isih obah-obah lan nywara kriyet.. kriyet..
Anis maeng uga muntap, dheweke wis kesel karo sifate Caca sing keras kepala. Dheweke eling pocapane Gusti. Ya, Gusti mantan pacare Caca dina wingi dolan menyang omahe Anis. Gusti ngomong yen dheweke iku diblenjani karo Caca
                “Tulung kancamu iku kandani, Nis. Aja seneng gawe dolanan atine wong. Mumpung durung ana apa-apa. Mumpung lagi aku tok sing protes karo tingkah-polahe Caca. Tulung, Nis. Mung kowe sing dipercaya karo Caca. Mung kowe sing digubris karo Caca.” jare Gusti sore iku.
Anis isin banget karo Gusti. Isin kena apa dheweke mung bisa meneng wae ngerti sahabate dicap ala karo wong lanang. Masia dheweke uga ora tau digubris karo Caca, masia dheweke ora percaya yen dheweke bisa, dheweke bakal berusaha nasehati Caca. Lan nasihat-nasihat iku lagi wae dimuntahna karo Anis. Nasihat kang agawe persahabatane karo Caca ajur-mumur ora ana sisane.
**
                Caca ngegas sepedha motore kenceng banget. Speedo meter ndudingi angka 100. Sepedha motor mabur kaya miber. Dheweke ora perduli karo nyawane. Kupinge panas ngerti sahabate ngomong kaya ngunu. Sirah lan atine uga panas amarga lara ati lan emosi.
“Ora perduli apa kandane Anis. Ora perduli omongane wong liya. Sing penting iki uripku, iki donyaku.”guneme Caca krekut-krekut. Panase srengenge nambahi nesune Caca
Sore iku pancene luwih becik tinimbang awan. Luwih kalem tinimbang awan kang ganas karo panase. Sore iku luwih endah karo werna jingga kang maes cakrawala. Angine uga semribit. Gawe bocah-bocah cilik kemecer pengin ngiberna layangane neng lapangan. Gawe para tani lali karo pegele lan luwih seneng ngaso neng galengan sawah
Sore iku, Caca wis wangi lan ayu menik-menik. Lambe tipise dipoles gincu warna merah muda. Wajahe diwenehi pupur warna kuning gading agawe wajahe sing wis ayu dadi tambah menik-menik. Caca arep dolan menyang pasar malem sing dianakake neng lapangan kota. Neng kulon srengengene durung mudhun total, nanging Caca wis siyap karo sepedha motore. Caca sing biasane menyang ngendi-endi barengan karo Anis, saiki dheweke budhal dhewe amarga kedadeyan awan maeng. Rencanane Caca arep nemoni Irul. Caca ora janjian, tapi deweke yakin Irul ana neng pasar malem amarga warung-warung kopi sapinggirane lapangan iku panggone Irul ngopi karo kanca-kancane. Sawise ngaca ing kaca spion sepedha motor, Caca banjur budhal menyang lapangan Kota.
Teka lapangan, sawise markir sepedha motor Caca banjur klenga-klengo nggoleki Irul. Lapangan isih sepi. Bakul-bakul lagi padha nata barang dagangane. Tp Caca ora perduli. Deweke mrene ora gawe ndeleng pasar malem. Ndeleng pasar malem iku mung alasane Caca nuyuwun izin marang Ibune. Deweke mrene mung gawe nemoni Irul. Supaya rasa tresnane ana lanjutane.
Ing sawijining warung, Caca ngerti ana Darko, kanca ngopine Irul. Caca banjur mlebu ing warung kopi sing kebak asap rokok iku.
“Darko, Irul neng ngendi ?”
“Kowe takon Irul neng aku, ko kira aku iki Biyunge?? hahaha”. Seisi warung padha ngguyu kabeh. Nanging Caca ora isin blas
“Kowe kan kancane Irul. Saiki Irul neng ngendi?. Kowe mrene karo Irul ta?.”Caca takon neng Darko nanging kabeh wong neng warung iku padha nyawang Caca amarga suarane Caca sing banter lan cepreng. Caca ora sadar yen dheweke disawang wong sawarung
“Kowe nggoleki Irul, arep ana perlu apa?.”
“Ora urusanmu.”
“Walah.. kendel tenan bocah siji iki. Yen kowe arep pethuk Irul, gawena aku kopi dhisik.”godane Darko
“Halah, gampil.”
Caca sing pancene ora duwe isin banjur matur marang sing nduwe warung yen dheweke arep nggawe kopi. Sing nduwe warung maringi izin amarga ngerti yen pelanggan-pelanggan ing warunge sing rata-rata cah enom iku pancene nakal-nakal. Senengane nggodani bocah wedok sing uga nakal.
“Niki kopine, ndoro Darko.”polahe Caca diendel-endelno
“Waduuhh.. jan manis tenan kowe iki Ca. Kowe pengen banget ta pethuk karo Irul?”
“Iya ta Ko, Darko.”
“Yawis, saiki kowe selfie disik karo kanca-kancaku sing ana neng jero warung iki. Ndang gage !”
Caca nurut wae apa geleme Darko. Pas lagi selfie, kanca-kancane Darko padha golek “untung”. Ana sing mepet-mepet Caca, ana sing tangane nandi-nandi. Bahkan ana sing ora sungkan-sungkan ngrangkul pundhak’e Caca. Caca ora ngrasa risih. Saliyane iku, Caca uga di “garap” karo Darko lan kanca-kancane sing ora pantes kasebut neng kene. Sawise iku, Caca banjur diajak Darko neng sawijining warung kopi sing panggone paling pojok. Ning jero warung akeh Bapak-bapak sing raine bringas pas ngerti Caca mlebu warung karo Darko
“Rul, iki lho ana tamu gawe kowe. Nanging wis dak garap Rul. Lolos seleksi !”Darko bengak-bengok neng jero warung. Irul sing dumadakan ana neng pojokan jero warung karo rokokan jedhal-jedhul nyawang Caca saka nduwur kanti ngisor. Mripate menciring kaya kucing ngerti pindhang. Caca kaget nyawang Irul sing beda banget karo pas neng sekolahane. Sing disawang saiki kaya wong asing.
“Ora doyan aku Ko.”omongane Irul sing wis cetha dituju marang Caca  gawe atine Caca perih.
“Lho, ayu lho Rul.”Darko ethok-ethok mbelani Caca padahal dheweke wis ngerti karepe Irul
“Aku ora doyan bocah wadon sing wis lulus seleksimu, Ko. Sarusak-rusak’e aku, aku emoh intuk sisa.” Ucapane Irul sing mung singkat iku sukses gawe atine Caca dhadhal dhowal. Dheweke ora nyana yen bakal kaya ngene. Dheweke wis nglakoni apa wae mung gawe bisa pethukan lan ngobrol saitik karo Irul. Harga dirine wis mabur mbuh nandi. Ragane lemes kayata ora bisa ngangkat dengkule gawe metu saka warung. Caca trantanan gebyok warung, luh e drodosan agawe makeup e luntur.
Caca metu saka warung iku di barengi clekopane Bapak-bapak rai bringas iku. Caca ora ngereken. Saiki tujuwane mung siji. Njaluk sepura marang Anis....

SHARE :
CB Blogger
 
Copyright © 2014 PRAKARYA. All Rights Reserved. Powered by Blogger
Template by Creating Website and CB Blogger